Minggu, 12 Oktober 2014

Pembukaan susunan acara



ASSALAMUALAIKUM.WR.WB
Alhamdulillahirobbil alamin, wasolatu wasalu ala asrofil ambiya’I wal mursalin wa ala alihi wa ashabihi ajmain ama ba’du, Dumateng Poro rencang-rencang  lan mboten kesupen dumateng tuan rumah engkang minulyo. Monggo kito sareng-sareng muji syukur kehadirat Allah SWT keranten berkat rohmat soho hidayahipun sehinggo kito sedoyo saget magempal wonten ing dalemipun … kanti acara selapanan’’ kanti keadaan sehat wal afiat.Mugi-mugi nikmat kados mekaten dipun langgengaken dening allah SWT.Allahumma Amin.
Sholawat serto salam mugi-mugi tansah dipun limpahaken dumateng rasul kito Muhammad SAW.Keranten menikolah nabi utawi rasul ingkang saget paring syafaat dateng kito sedoyo, mbenjang wonten yaumil qiyamah.Mugi-mugi kito sedoyo mangke saget angsal syafaat saking rasulillah wonten ing yaumil qiyamah.Amin
Rencang-rencang anggota Irsada minulyo, Keparing matur bileh wonten ing mriki kaulo kajibah minangkani pranoto acoro,awit gegayutan wekdal sak antawis dalu pramilo kulo atas nami pranoto acoro badhe maosaken adiacoro ingkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko.
Adiacoro ingkang ongko setunggal inggih meniko pembikaan
Adiacoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan Tahlilan/Yasinan
Dumawah adiacoro ingkang ongko tigo inggih meniko sambutan-sambutan inkang diaturake tuan rumah lan ketua Irsada
Adiacoro ingkang ongko sekawan inggih meniko Lain-lain Lan terahir inggih meniko Penutup.
Menikolah reranci’ing adiacoro ingkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko.Pramilo monggo kito bikak sesarengan adiacoro ingkang ongko setunggal kanthi waosan surat al-fatihah ingkang harapan mugi-mugi adiacoro ingkang badhe kito lampahi mangke mboten wonten alangan setunggal punopo.Al-fatihah…
Selajengipun adiacoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan Tahlilan  ingkang badhe dipun pimpin dening sederek …,  Wekdal soho panggenan dipun sumangga aken.  . . Dipun aturaken matur sembah nuwun
Adiacoro ingkang ongko tigo inggih meniko Sambutan saking tuan rumah ingkang badhe dipun sampeaken dening sederek …… Wekdal soho panggenan dipun sumangga aken. Selajengipun  Sambutan saking ketua Irsada (Syarifudin).Dipun aturaken matur sembah nuwun,mugi-mugi sambutan  ingkang sampun dipun sampeaken dening sederek Syarifudin  mbeto manfaat dateng kito sedoyo.Allahumma…Amin
Poro Rencang-rencang Irsada ingkang minulyo
           
adiacoro ingkang ongko sekawan inggih meniko inggih meniko lain-lain
Lan Terahir penutup monggo kito tutup acara inkang sampun lumampah sami waosan Hamdalah Sami-Sami kula aturaken ALHAMDULILAH ,Poro Rencang-rencang Irsada, Menikolah reranci ing adiacoro ingkang sampun lumampah wonten ing wekdal dalu meniko .Kulo atas name pranoto acoro mbok bileh wonten kasar sarunipun rembuk soho kirang trepsilaning kaulo nyuwun agungipun samudro pangapsami.
Santen Duduhe Kelopo, Ketupat Janure Tuo, Semanten Atur Kawulo, Menawi Lepat Nyuwun Ngapuro
Wassalamualaikum.Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar